Buku punika dipun damel supados saben kulawarga saged pikantuk informasi ingkang saged dipun pitados, amargi kathah pawartos ingkang sumebar wonten media masa utawi media sosial ingkang mbingungaken. Ing pangajab saben kulawarga saged pikantuk informasi ingkang leres saengga saged njagi dhiri lan kulawarganipun supados mboten ngantos kembet COVID-19.
Kejawi punika, kita pengin supados sedaya kulawarga saged nyengkuyung menawi wonten anggota kulawarga lan tangga tepalih ingkang nembe karantina dhiri, saha ngicalaken pemanggih ingkang mboten leres lan mbenten-mbentenaken pasien, para petugas, punapa dene warga ingkang nembe kembet COVID-19.
Buku punika tansah dipun enggalaken kanthi ajeg supados saged ngemot maneka warni informasi enggal. Buku ingkang langkung enggal tansah dipun paringi nomor versi tuwin tanggal anggenipun nerbitaken.
Versi buku paling enggal saged dipun pirsani lumantar situs:
bit.ly/3a2zNsB (situs Pusat Kedokteran Tropis UGM)
bit.ly/2K0yYWJ (situs COVID-19 UGM)
bit.ly/2VqLT9F (situs Health Promoting University UGM)